Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MC Bahasa Jawa (Acara Muhadhoroh)



السلأم عليكم ورحمة الله وبركاته
ألحمّد لله .ألحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونتوب اليه , ونعوذ بالله  من سرور أنفسنا ومن سّيئات أعمالنا , من يهد الله فلا مضلّ  له  ومن يضل له  فلا هادي  له .أشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له , وأشهد أن محمّدا عبده ورسوله . وقال الله تعالى 
في القران العظيم........



Hadrotul mukarom
Dumateng Poro Bapak alim ulama ingkang kaulo to’ati’,
Poro Kyai, Poro Asatidz, Poro Tini Sepuh lan mboten kesupen dumateng ..................... selaku ............................... engkang minulyo.
Teman-temanku Seperjuangan ............................... yang berbahagia

Monggo kito sareng-sareng muji syukur kehadirat Allah SWT keranten berkat rohmat soho hidayahipun sehinggo kito sedoyo saget ngempal wonten ing majlis meniko kangge menghadiri adicoro “Mohadhoroh” kanti keadaan sehat wal afiat. Mugi-mugi nikmat kados mekaten dipun langgengaken dening allah SWT.Allahumma Amin.

Sholawat serto salam mugi-mugi tansah dipun limpahaken dumateng rasul kito Muhammad SAW. Keranten menikolah nabi utawi rasul ingkang saget paring syafaat dateng kito sedoyo, mbenjang wonten yaumil qiyamah. Mugi-mugi kito sedoyo mangke saget angsal syafaat saking rasulillah wonten ing yaumil qiyamah. Amin

Rekan santri ingkang minulyo
Keparing matur bileh wonten ing mriki kaulo kajibah minangkani pranoto acoro, awit gegayutan wekdal sak antawis dalu pramilo kulo atas nami pranoto acoro badhe maosaken adiacoro ingkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko.

Adiacoro ingkang ongko setunggal inggih meniko Pembikaan
Dumawah adiacoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat suci Al-Quran
Adiacoro ingkang ongko ketigo inggih meniko Atur Pembagyo
Adiacoro ingkang ongko sekawan inggih meniko Mauidoh Hasanah
Selajengipun adiacoro ingkang ongko gangsal inggih meniko pamungkas ingkang badhe dipun isi kalian Doa.
Menikolah reranci’ing adiacoro ingkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko.Pramilo monggo kito bikak sesarengan adiacoro ingkang ongko setunggal kanthi waosan surat Al-Fatihah ingkang harapan mugi-mugi adiacoro ingkang badhe kito lampahi mangke mboten wonten alangan setunggal punopo.Al-fatihah

Adiacoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat suci al-quran ingkang badhe dipun waosaken dening sederek ….......… Wekdal soho panggenan dipun sumangga aken.
Soddakallahul adzim 3X. Dipun aturaken matur sembah nuwun,mugi-mugi waosan ayat suci al-quran ingkang sampun dipun waosaken dening sederek ....…. Saget mbeto manfaat dateng kito sedoyo. Allahumma…Amin

Poro rencang santri ingkang minulyo.
Selajengipun adiacoro ingkang ongko tigo inggih meniko atur pembagyo utawi sambutan ketua panitia ‘’PELATIHAN KHITOBAH’’ wonten ing wekdal dalu meniko ingkang badhe dipun sampeaken dening sederek ….............…. Wekdal soho panggenan dipun sumangga aken.
Dipun aturaken matur sembah nuwun.

Poro hadirin ingkang minulyo
Adiacoro ingkang ongko sekawan inggih meniko Mauidoh Hasanah. Mauidoh Hasanah ingkang pertama badhe dipun sampeaken dening sederek ...........................…. Wekdal soho panggenan dipun sumanggaaken.
Dipun aturaken matur sembah nuwun,

Poro rencang santri ingkang minulyo.
Mauidoh hasanah ingkang kaping pinduh Badhe dipun sampeaken dening sederek ….............. wekdal soho panggenan dipun sumangga aken.
Dipun aturaken matur sembah nuwun, mugi-mugi nopo seng sampun kesampeaken, mebto manfaat kangge kito sedoyo. Amiiiin

Adiacoro selajengipun inggih meniko pamungkas ingkang badhe dipun isi kalian DO’A dening Al-Mukarom Bapak Solikhin, wekdal soho panggenan dipun sumangga aken.

====********====
Dipun aturaken matur sembah nuwun, poro rencang santri ingkang minulyo.
Menikolah reranci ing adiacoro ingkang sampun lumampah wonten ing wekdal dalu meniko. Kulo atas name pranoto acoro mbok bileh wonten kasar sarunipun rembuk soho kirang trepsilaning kaulo nyuwun agungipun samudro pangapsami.

Santen Duduhe Kelopo
Ketupat Janure Tuo
Semanten Atur Kawulo
Menawi Lepat Nyuwun Ngapuro
Wassalamualaikum.Wr.Wb



.
.
.
Sekedar sharing pengalaman pada saat di pesantren dulu, acara muhadhoroh adalah acara rutinan untuk para santri belajar tampil diatas panggung, mulai dari sebagai pembawa acara sampai mauidhotul hasanah.
Demikian contoh Teks MC bahasa Jawa semoga bermanfaat 😊😊

.
.







Coretan@fivwae

1 komentar untuk "MC Bahasa Jawa (Acara Muhadhoroh)"

  1. Maturnuwun sanget ilmunipun. insya Allah barokah.. aamiin..

    BalasHapus